IBU


LUHURING PENGGALIHE IBU
( VERSI BAHASA JAWA )
( Hermadi )

“Tangi le, .. wis awan, .... sarapanmu wis ndak cepakke neng meja“
Adat kang kaya mangkono mau wis ditindakake mataun-taun wiwit sepisanan aku bisa nonton kaanan lan bisa ngeling-eling kedadeyan.  Lan nganti seprene ibu anggone ngladeni aku ora nate kendhat.
" Ibu sayang... ora usah repot-repot bu, aku wis gedhe, aku wis dhewasa, aku wis bisa njupuk ma’em* dhewe "  panjalukku marang ibuku ana ing sawijining dina. Dumadakan pasuryane ibuku dadi suntrut lan sedhih.  Embuh apa sebabe aku ora ngerti.

Nalika rampung anggonku lan adhiku ngancani ibu dhahar awan neng meja makan, age-age aku ngukuti kabeh prabot sing kudu disingkirake, piring, panci, sayur, garpu, wijikkan, lan liya-liyane. Aku kepingin mbales labuh labete ibu anggone ngopeni aku, nganggo tenagaku dhewe. Aku kepingin ibu lenggahan wae kanthi enak kepenak ora repot-repot nandangi pagaweyan ngomah sing ora ana rampunge. 


Sanalika pasuryane ibu katon susah lan suntrut. 

Aku bingung,  maneh-maneh ibu katon ora rena penggalihe.  Apa salahku .. .? jroning ati tuwuh pitakonan, ana apa kok ibu saiki gampang banget susah lan sedhih ... ? 
Aku mung bisa ngira-ira, bisa uga wektu-wektu iki aku lan adhiku ora bisa maca lan mangerteni penggalihe ibu, ibuku dhewe, mula tansah gawe penggalihe cuwa. 

Aku banjur kelingan salah sijine  “Artikel” ing koran sing ndakwaca, ngandharake manawa wong sing umure wis tuwa iku rasa rumangsane bali dadi kaya bocah cilik maneh.  Apa ibuku  mujudake salah sawijine tuladha sing dikarepake ana ing wacan mau...?   Ah ... embuh ... aku dhewe ora ngerti, ... sing genah niyat anggonku arep mbombong lan ngremenake penggalihe  ibu, malah kerep dadi kosokbaline, gawe penggalihe ibu dadi sedhih. 

Kaya padatan, sanajan sedhih lan katon susah, nanging ibu ora nate kersa ngandharake rasa sedhihe mau marang putra-putrane.    
 
Ing sawijining dina, ndak wanek-wanekake, aku nyoba nyuwun pirsa marang ibuku.
"Bu, .. aku nyuwun pangapura yen aku lan adhiku  tansah gawe kaluputan saengga gawe  cuwa lan sedhih penggalihe ibu.  Sejatine bab apa ta .bu ...? sing tansah gawe penggalihe ibu sedhih ?  Aku,  lan uga adhik, nyuwun pangapura  manawa gawe gerah penggalihe ibu.

Sawetara ibu ora ngendika apa-apa. Nanging ndak tamatake jroning netrane kembeng-kembeng waspa kang arep tumetes. Dumadakan ora let suwe, kanthi tumetesing waspa ibu ngendika lirih nanging cetha, mangsuli pitakonku. 
Ngendikane ibu : “Lagi saiki ibu ngerti le... lan uga lagi saiki ibu bisa ngrumangsani, yen saiki kowe bocah loro wis ora mbutuhake ibu maneh. Kowe wis padha gedhe-gedhe, wis bisa nyukupi kebutuhanmu dhewe. Ibu wis ora pantes maneh nyiyapake sarapan kanggo kowe lan adhimu ...,  ibu wis ora pantes maneh saka pasar nggawa oleh-oleh jajan kanggo kowe lan adhimu ...,  ibu wis ora pantes maneh nata turonmu lan adhimu ..., ibu wis ora prelu maneh .....ibu wis ora pantes maneh, ....  kabeh mau wis bisa kocukupi sakloron”.

Dhuuuh Gusti  ... yaaaa Allah ...... 
Sawetara aku ora bisa ngomong apa-apa. Babar pisan aku ora ngira yen ibu arep ngudhar pangandikan kang kaya mangkana. Pranyata tumraping ibu ... kethengkrusan ngladeni anak-anakke mujudake kabahagyan...?  Pranyata tumpraping ibu ... asah-asah, nata turon,  nggodhog wedang, lan nandangi pagaweyan liyane kanggo anakke mujudake kabahagyan .. ? Kabeh mau ditindakake kanthi ikhlas ... ? sanajan ta mangerteni yen putra-putrane wis gedhe-gedhe lan wis dhewasa...? Bab iki sing aku dhewe bingung anggonku mikir.  Niyat arep gawe remen lan mulyakake penggalihe ibu,  ... nanging jebul malah gawe sedhih lan cuwa penggalihe.

Tumraping wong tuwa sakloron, bapak lan ibu, ... kita bisa uga durung nate blaka lan mbudidaya kanggo mangerteni apa sing diarani kabahagyan sing sanyatane. Bisa uga nganti seprene bab kabahagyanne wong tuwa mau dionceki kanthi alam pikiran kita dhewe-dhewe. Kamangka ing sanyatane, kabahagyanne wong tuwa iku tuwuh nalika bisa gawe marem lan senenging atine putra-putrane.
 
Mulane ora jeneng aneh yen  kerep mrangguli ibu sing tansah ribet lan ora jeleh-jeleh nandangi pagaweyan isah-isah, nyapu, olah-olah, ngumbahi,  lan kadang sarene ngenteni tengahing wengi,  jaga lawang samangsa-mangsa putra-putrane bali saka dolan.  Kabeh mau ditindakake kanthi lega-legawa kanggo nyukupi lan ngladeni kabutuhan putra-putrane, tanpa ngarep-arep piwalese.  Sanajan ta panjenengane  pirsa lan ngrumangsani yen putrane wis padha gedhe-gedhe lan bisa nyukupi kebutuhane dhewe.

Aku banjur mikir, ... jroning atiku tuwuh pitakonan, apa sing bisa dakaturake kagem ibuku ana ing umurku saiki lan yuswane ibuku sing wis sepuh ... ? Apa kang bisa ndadekake penggalihe ibu bisa  bungah, mongkok,  lan bombong mirsani kahanan putra-putane ? Apa kahananku lan adhiku wis bisa gawe bombong lan mongkok penggalihe ibu ... ? 

Ana ing sawijining dina aku nyuwun pirsa marang ibu bab kabahagyan mau.
Ibu ngendika mangkene : "Akeh banget lee,  kowe sakloron wis menehi kabahagyan marang wong tuwa, aku lan bapakmu. Kowe nalika isih bayi, dadi bayi sing sehat lan lucu, kuwi uga mujudake kabahagyan. Kowe padha sekolah lan dadi bocah sing pinter-pinter, kuwi uga kabahagyan, Wong tuwa ngopeni kowe wiwit cilik, lan saiki bareng wis gedhe … wis nyambut gawe … kowe ngemban dhawuhing agama, … bekti marang wong tuwa, kuwi uga kabahagyan. Kowe tresna marang wong tuwa, kepingin  mulyakke wong tuwa, kuwi uga kabahagyan.     Saben-saben kowe katon bungah, bocah sakloron padha rukun, wis padha duwe kaya kabeh, kuwi uga mujudake kabahagyanne wong tuwa. Aku lan bapakmu isih kuwat ngladeni kowe …, sadurunge lan sawise kowe omah-omah, isih rumangsa  seneng diladeni ibu,  … kuwi uga mujudake kabahagyanne wong tuwa“.

Tanpa dakrasa, anggonku ngrungokake ngendikane ibu kanthi tawang-tawang tangis. Ora bisa ngucap apa-apa, mung bisa ngomong jroning ati : “Duh Gusti Allah…, … kula nyuwun pangapunten”.

Aku rumangsa durung sepiraa anggonku bekti marang wong tuwa. Durung sepiraa anggonku tulus mbales katresnan marang wong tuwa.  Ing sasuwene iki saben-saben aku isih akeh mbantah marang dhawuhe wong tuwa. Tansah akeh banget alesan nalika bapak-ibuku kagungan pepinginan nyuwun bab-bab sing dikersakake.  Samana ikhlas lan gedhene panggulawenthah sarta katresnane wong tuwa marang aku lan adhiku.   Kabeh mau ditindakake kanthi ikhlas kebak rasa tresna lan asih mligi kanggo kabahagyane putra-putrane. Bener apa sing dingendikakake dening Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, Manawa suwarga dumunung ana ing telapakane ibu.

Dakrasakake ibuku mujudake ibu sing tansah sregep lan seneng ngladeni putra-putrane. Mranata bale somah, ngopeni lan nggulawenthah anak, mujudake haq sing ora kena diganggu gugat. Ora bisa remen penggalihe yen bab mau ditandangi dening wong liya. Aah aku nyuwun pangapura ibuuu, yen nganti seprene kurang luwih 18 jam saben dinane ibu kaya-kaya “buruh” sing ora nate njaluk opah. Lan uga ora duwe sayah. Apa aku bisa gawe bombong lan kabahagyan penggalihe bapak ibuuku dhuh Gusti Allah … ? 

“Tangi le, .. wis awan, .... sarapanmu wis ndak cepakke neng meja”

Beda karo padatan, nalika dina iki aku banjur cepet-cepet mlumpat saka paturonku,  ... dakbukak lawang kamarku,  lan age-age dakrangkul dakkekep ibuku. Dakambungi pipine sing wis wiwit kempot ... daksawang netrane sing wis wiwit riyep ... dakwisikake ing talingane rapet-rapet dimen mireng kanthi cetha, ... lan dakaturake aturku mangkene :
“Matur nuwun ibu, ... beja temen aku duweni panjenengan ibu. Aku nyuwun pangestu muga-muga aku bisa mulyakake panjengan ibuuu. Ibu ... salawase aku tetep tresna lan uga katresnaning ibu. Ibu ora susah kuwatir, sanajan aku mengkone omah-omah .... nanging bapak lan ibuuu ora bakal daklalekake”

Sanalika pasuryane ibu katon bungah sumringah sanajan netrane kembeng-kembeng waspa.
   
Sing arane katresnan ora kudu diucapake kanthi tata lahir : “Aku tresna marang ibu“.  Nanging sanajan mangkana,  Gusti Allah SWT dhawuh marang kita kabeh kanggo ngaturake rasa tresna mau kita kudu nindakake cara sing bisa gawe senenge wong sing ditresnani. Lan aku uga wis nindakake dhawuhing Gusti, ... dakrangkul lan dakkekep  ibuku rapet-rapet.  Tanpa karasakake tetesing luhku lan waspane ibuku nelesi saranduning awakku lan salirane ibuku. Aku lan ibu padha nangis sesenggukan.  

Dhuh Gusti Allah, Paduka tresnaa dhumateng ibu kawula, Paduka tresnaa dhumateng bapak kawula. Amargi bapak saha ibu kawula kanthi manah ingkang lega legawa sampun ngopeni lan nggulawenthah kawula wiwit nalika kawula taksih alit. Sadaya jiwa lan raganipun dipun paringaken kangge kabahagyan kula saha adhi kawula. Mugi-mugi Paduka tansah paring idi palilah lan wekdal dhumateng kawula kangge kawula mbales labuh labet bapak saha ibu kawula. 

Panyuwun kawula, ... samangsa sampun dumugi titi wancinipun Paduka nimbali satunggal mbaka satunggal, sumangga katampiya wonten ing ngarsa Paduka, ... kersaa Paduka paring pangapunten tumrap dosa lan kalepatan bapak saha ibu kawula, kados dene bapak saha ibu kawula ingkang boten nate nyacah lan ngemut-emut kalepatan-kalepatan kawula. Lan ugi kersaa Paduka paring pangapunten tumrap sadaya lepat lan dosa kawula.

ROBBIGHFIRLII WALIWAALIDAYYA WARHAMHUMAA KAMAA ROBBAYAANII SHOGHIIROO “
Tegesipun mawi basa Jawi :
“Dhuh Gusti, Kersaa Paduka paring pangapunten dhumateng dosa kawula saha dosa bapak ibu kawula, Paduka tresnaa dhumateng panjenganipun, kadosdene panjenenganipun sampun nresnani lan nggulawenthah kawula wiwit nalika kula taksih alit”. 



Dhuh Gusti Allah, anamung dhumateng Panjenengan kawula manembah, saha anamung dhumateng panjenengan kawula nyuwun pitulungan. Ugi anamung dhumateng Panjengan kawula masrahaken pejah gesang kawula.

رَبَّنَااَتِنَافِى الدُّنْيَاحَسَنَةً وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَاالنَّارِ

“ Robbana atinna fii dunya khasanah wa fil akhiroti khasanah waqinna adzabannar  “
“Dhuh Gusti Allah, kersaa Paduka maringi dhumateng kawula kabahagyan saha kasaenan wonten ngalam donya lan ugi wonten ing alam akherat. Kersaa Paduka njagi lan nyingkiraken kawula saking siksanipun neraka”.
Amin.

===hermadi===

Tembung kang angel :
  1. kendhat = berhenti
  2. ma'em = makan
  3. age-age = cepat-cepat
  4. labuh-labet = jasa
  5. suntrut = bermuram durja, sedih
  6. cuwa = kecewa
  7. ngira-ira = menduga
  8. bombong = bangga, senang
  9. kethengkrusan = susah payah
  10. nggulawenthah = memelihara dan mendidik dan merawat dan menyayang




BETAPA MULIA HATI SEORANG IBU
( VERSI BAHASA INDONESIA )
( Hermadi )

" Bangun nak,.. Sarapanmu sudah ibu siapkan di meja."
Tradisi ini sudah berlangsung sekian tahun sejak pertama kali aku bisa mengingat. Dan kebiasaan ibuku tidak pernah berubah.
" Ibu sayang... tidak usah repot-repot bu, aku sudah dewasa. Aku sudah bisa mengambil sendiri "  pintaku pada ibu pada suatu pagi. Dan wajah tuanya pun langsung berubah.

Ketika telah selesai Ibu mengajak aku dan adikku makan siang di meja makan, Buru-buru kukemasi semuanya, piring, panci sayur, garpu, cucian, dan lain-lain.  Ingin kubalas jasa ibuku selama ini dengan tenaga dan keringatku. Spontan raut wajah sedih ibu tak bisa disembunyikan.

Aku bertanya-tanya dalam hati, kenapa ibu mudah sekali sedih ? Aku hanya bisa mereka-reka, mungkin sekarang fasenya aku mengalami kesulitan memahami perasaan seorang ibu, ibuku sendiri.  Teringat dari sebuah artikel yang kubaca, orang yang lanjut usia bisa sangat sensitive dan cenderung untuk bersikap ke kanak-kanakan. Tetapi entahlah... yang jelas, niatku ingin membahagiakan ibuku, malah membuat ibu menjadi sedih. Seperti biasa, ibu tidak akan pernah mengatakan apa-apa.

Suatu hari kuberanikan diri untuk bertanya " Bu, .. maafkan aku kalau telah menyakiti perasaan ibu. Sebetulnya apa yang membuat ibu sedih? ",  Kutatap sudut-sudut mata ibuku, ada genangan air mata di sana. Terbata-bata ibu menjawab : " Ibu sadar nak, dan merasa bahwa kamu berdua tidak lagi membutuhkan ibu. Kamu sudah dewasa, sudah bisa menghidupi diri sendiri.  Ibu tidak boleh lagi menyiapkan sarapan untuk kamu, ibu tidak bisa lagi memberi jajanan untuk kamu. Ibu tidak boleh lagi menata tempat tidurmu, ... semua sudah bisa kamu lakukan sendiri "

Ah, Ya Allah, untuk sejenak aku tidak bisa berkata apa-apa. Ternyata buat seorang Ibu.. bersusah payah melayani putra-putrinya adalah sebuah kebahagiaan. Meski putra-putrinya sudah dewasa sekalipun. Satu hal yang tak pernah kusadari sebelumnya.  Niat membahagiakan bisa jadi malah membuat orang tua menjadi sedih.

Terhadap kedua orang tua, kadang kita tidak pernah membuka diri berusaha untuk mengetahui arti kebahagiaan yang sesungguhnya. Kita melihat kebahagiaan dari sudut pandang kita masing-masing.

Pantas saja aku sering melihat, seorang ibu yang sibuk bekerja menyiapkan ini itu, bahkan kadang tidak segan-segan mencuci piring dan menyapu, demi untuk melayani putra-putrinya. Semua akhlas dia kerjakan, tanpa membutuhkan upah dan pujian. Meski ia sendiri tahu, anak-anaknya sudah dewasa dan sudah bisa mengerjakan sendiri.

Diam-diam aku termenung, bertanya-tanya dalam hati, apa yang dapat kupersembahkan untuk ibuku dalam usianya dan usiaku sekarang ? Adakah ibu bahagia dan bangga pada putra-putrinyanya ? Aku dan adikku ?

Ketika suatu saat kutanyakan pada ibuku tentang kebahagiaan itu, Ibu menjawab : " Banyak sekali nak,  kamu berdua memberi kebahagiaan pada ibu. Kamu tumbuh sehat dan lucu ketika bayi adalah kebahagiaan. Kamu berprestasi di sekolah adalah kebanggaan. Setelah dewasa, kamu berprilaku sebagaimana seharusnya seorang hamba Allah, itu juga kebahagiaan buat ibu. Ibu memelihara kalian sejak kecil, dan sekarang kalian berusaha untuk membalas membahagiakan ibu, itu adalah suatu kebahagiaan. Setiap kali binar mata kalian mengisyaratkan kebahagiaan di situlah letak kebahagiaan orang tua."

Lagi-lagi aku hanya bisa mengucap dalam hati,  "Ampunkan aku ya Allah, kalau selama
ini sedikit sekali ketulusan yang kuberikan kepada ibuku. Masih banyak alasan yang kusampaikan ketika ibu menginginkan sesuatu." Betapa mulianya hati seorang ibu. Melalui liku-liku perjalanan hidupnya, seorang ibu masih tetap ingin berbuat banyak untuk kebahagiaan anak-anaknya. Betapa tepat Nabi Muhammad SAW mengisyaratkan kepada kita,  bahwa syurga terletak ditelapak kaki seorang ibu.

Aku merasa, ibuku seorang yang idealis, menata keluarga, merawat dan mendidik anak-anak, adalah hak prerogatifnya yang takkan pernah dilimpahkan kepada siapapun. Ah, maafkan kami ibu, selama lebih kurang 18 jam setiap hari, ibu seakan sebagai " pekerja " yang tak pernah mendapat upah. Dan juga tidak pernah mengenal lelah. Sanggupkah aku membahagiakan ibuku ya Allah ?

" Bangun nak.. sarapannya sudah ibu siapkan di meja".
Kali ini aku segera melompat,  kubuka pintu kamar dan kudekap erat-erat kurangkul ibuku sehangat mungkin.  Kuciumi pipinya yang mulai keriput, kutatap matanya yang mulai redup, kubisikkan ditelinganya lekat-lekat dan kuucapkan.. " Terimakasih ibu, aku beruntung sekali memiliki ibu yang baik hati, ijinkan aku membahagiakan ibu ". Kulihat binar itu memancarkan kebahagiaan.

Aku ini milikmu, ibu. Aku masih sangat membutuhkanmu.. maafkan kami yang belum bisa menjabarkan arti kebahagiaan buat ibu.

Tidak selamanya kata sayang harus diungkapkan dengan kalimat "Aku sayang padamu". Namun begitu, Allah menyuruh kita untuk menyampaikan rasa cinta yang kita punya kepada orang yang kita cintai dengan perlakuan yang bisa kita lakukan. Dan .. aku sudah melakukan, kupeluk erat-erat ibuku. Tanpa disadari, air mata kamipun berlinang.

Ya Allah, cintailah ibuku, cintailah ayahku, karena mereka mencintaiku dengan seluruh hidupnya. Beri aku kesempatan untuk bisa membahagiakan ibuku, beri aku kesempatan untuk bisa membahagiakan ayahku. Dan jika tiba saatnya nanti satu persatu Kau panggil, terimalah dan jagalah mereka disisiMu.  Ya Allah, ... titip ibu dan ayahku.  Ampuni dosa-dosanya, sebagaimana mereka tidak pernah mengingat kesalahan-kesalahanku.  Juga ampuni dosa-dosaku.

ROBBIGHFIRLII WALIWAALIDAYYA WARHAMHUMAA KAMAA ROBBAYAANII SHOGHIIROO “
Artinya dalam Bahasa Indonesia :
“ Ya Tuhanku, ampunilah dosaku dan dosa ayah ibuku, sayangilah mereka sebagaimana mereka menyayangiku sewaktu aku masih kecil ”
Yaa … Allah, hanya kepadaMU kami menyembah, dan hanya kepadaMu kami menyerahkan hidupku.
 
رَبَّنَااَتِنَافِى الدُّنْيَاحَسَنَةً وَفِى اْلاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَاالنَّارِ

“ Robbana atinna fii dunya khasanah wa fil akhiroti khasanah waqinna adzabannar  “
“Ya Tuhan kami, berilah kami kebaikan di dunia dan kebaikan di akhirat dan peliharalah kami dari
siksa neraka”.  Amin.